Panggisari City

Minggu, 02 Maret 2014

Kisah cinta

Kisah cinta




Kie kisah cintane nyong karo bocah sing paling tek senengi nang dunia, nanging gemien lah pas aku gi sayang banget karo cah wadon. Aku mbien ra ketulungan nek sayang karo cah wadon, aku ra teyeng nek gela karo kae bocah aku beh ra tega nek yueki pas aku gi jengkel lah, jenenge beh wong agi sayang sayange lah jan, aku nganti pusing miiri kae bocah tok, nek agi gela senenge meneng bae kaya ayam agi angrem ra geneh polahe lah pokoke mbingungine pol nganti aku sebel tapi wong aku sayang ya rabis bisa gela sue sue lh yah, jenenge beh cinta haha.
Tapi sewise aku ngalami urip karo kue bocah akhire kae bocah ninggalna aku tanpa alasan yang jelas huhu sedih lah rasane nlangsane pol yakin lah. Kae bocah wadon pertama sing gawe aku nangis nganti berhari hari, apaora gemblung yah , aku diputusna nang kae aku kaya wong ra genah unggal wengi nangis nganti mamake aku agi turu beh krungu jal apa ora medeni ya Allah aku se umur umur nembe tau ngalami sing kaya kue lah nlangsane ra karu karu an yakin lah jan ambekan beh rasane abot kaya njunjung nangka sing rong kandi bayangna ya abot ya wong rong kandi si haha, yakin lah ra nglombo nlangsane pol yakin nek di tinggal nang wong sing paling disayang nang dewek, rasane atine kaya di antem nang gajah nyesek baget sumpah lah ra nguatine pol, maning aku wis melu melu kae, maksude aku aku melu melu kae nu sekolahe ko aja mikir sing ora oral oh ja ngeres pikirane oke.

Cara melupakanmantan

Cara melupakan mantan



            Eh para galauwer ko mesti mbukaki internet anu paga galau ya nu tes diputusna nang pacare ngaku bae lah ya hehe, nggleweh lah. J
            Kie aku due cara men ko ra galau karna diputusna nang pacar, siki ra jaman galau gara gara pacar anane siki galau anu ra due duit mbok ayo ngaku hahaha. Ko ngerti ra si pacar kue nek wis putus kue dadi barang bekas ya barang bekase dewek maksude lah, ya sekirane di buang bae kang pikirane koe pada lah ngeken maring wong sing membutuhkan lah , “ADA YANG LEBIH KURANG MAMPU DARI KITA” jadi berikan saja pada yang kurang mampu lah, nah kue salah sijine lah yah. Nah enyong kuwi due cara nggo nglupakna mantan kuwe utawane barang bekase dewek lah. Kie salah sijine.
1.     Nggelet batir sing akeh.