Bakar ayam
Malem kemis nyong
arep dolan karo kancane ming umah kanca liane , ndilalah malah kancane sing
ming gone aku jan ya kaya saliwang banget ya. Wis kaya kue sing teka bocah se
RT maning ya akeh banget lah ngentongna panganan banget haha pancen nek kencot
mesti ming gone aku.
Terus wisse kue
pada kumpul nang ruang tamune aku medang medang bareng wedange teh anget tapi
ra ana penganane hehe maklum lah yah wong nyong pas ora due apa apa ya maklumi
lah teka pada ra di undang ya akire kaya kue haha rasakna bae ngonoh. Mbanjur batirku
ana sing ngomong kon tuku mendoan bae , terus nyong njawab “ya nganah ko sing
tuku lah aku ra ana duit koh nek ana si akeh panganan nang meja haha.
Batire nyong
jawab, “lah ko si apa nu lah due apa” ora” karo ngguyu,
Terus batirku
sing jenenge bangkit ngomong “ sagih nganah mangkat aja padu bae lah salakan
kencot” karo nggleweh.
Nah sing miki
padu karo aku jenenge pawit melu semaur “ ya nganah aku ra ana bensin”
Bangkit ngomong”
lah sing tuku sapa mengko”
Pawit njawab “ ya
kueh koh okta sing ana bensinne”
Okta njawab “ lah
wong aku beh ra ana bensinne koh maning si ko”
Aku njawab “ lah
kapan tukune kie lah”
Bangkit ngomong
maning “ siki genaeh mayuh bareng bareng bae lah”
Bareng bareng
ngomong “ kue tambah boros bangkit”
Dilanjutna nang
pawit “ kie bocah pancen musingin rasah di ladeni lah” karo nggleweh.
Salah sue ya ana
sing ngalah bangkit ngalah ahire sing tuku mendoan si bangkit, mbarang kae
bocah tuku ra umum tukune kaya ming arab suene ra lumrah pirang abab ra gutul
gutul, nganti pasa kesuh ehehe.
Pas agi domong eh
malah teka kae bocah “ pucuk di cinta ulang pun tiba”
Terus wis ana kie
mendoane terus pada dipangani ahire, mbanjur salah sue ntong mbarang tukune
setitik si kur 3000 tok si, pacen nek agi ra due duit ya kaya kie lah susah
banget, tapi nek agi due duit ya ra lumrah langsung pada di ntekna.
Se uwisse
mendoane ntek mbanjur ana gedhang ya langsung pada ntek maning pancen bocah
kaya pada ra diempani nang wong tuane lah jan “ mbatin aku” haha.
Terus salah sue
koh mandan ngantuk aku tapi mbuh kenang apa batirku ra ngrasakna ngantuk yah
jan padahal wis jam 11 lewih koh ya balik apa kepriwe koh malah kandahan bae ra
ana pogge.
Mbanjur arep jam
12 ahire pada balik “ alhamdulilah” mbatin J
Sewise kue aku
mbanjur turu lah wong wis wengi ya lah
kesel maniung, mbanjur aku turu.
Terus esuke aku
tangi jam 5 mbanjur aku papung mbanjur aku mangkat jam 6 kurang seprapat wong
smkne aku adoh pisan ya mangkate kudu gasik men ra telat, alhamdulilah aku ra
tau telah hehe.
Nah pelajaran ya
kaya biasa balike ya sore kaya biasa maning , lah pokoke nek nang smk bawang
siji apa apa biasa mangkat esuk jam lima ya biasa balik jam wolu ya biasa lah
ra kaget lah.
Nah sewise
pelajaran aku balik ming umah untunge dina kie aku ra balik sore banget
alhamdulilah lah.
Terus wengi
wengine aku ana ayam anu bakul ayam sing nang jejer umahku anu panen terus aku dingei
ayam loro, niate aku arep tek bakar karo batire aku juga wis ngomong karo
mamake aku men di sembeleh terus didang men empuk nek di bakar, mbanjur aku
smsi batirku wingi kabeh kon pada ming ngeneh kon melu bakar bakar ayam, aku
sms ming okta, “ ok ngeneh bakar ayam bareng bareng “
Aku juga sms
bangkit ya pada smsse kaya sms ming okta men teka ming ngeneh, tapi malah pada
mbales aku ra bisa nu akeh tugas weh ngesuk bae lah minggu, aku mbales “ buseh
wong wis tek sembeleh malah koh ok”. Bangkit ya pada lah jan asem lah, okta
mbales maning lah ngapurane yakin nu ko si arep bakar ayam ra ngomong disit lh.
Aku mbales “ si lah wong kie beh ra disengaja”. Okta mbales “ ngapura yakin nu
aku ra bisa” aku mbales “ ya wis lah ra papa”.
Lah kepriwe kie
wong wis tek sembeleh lah ya eman eman ya jan masa arep di goreng ya sebel “mbatin”.
Mbanjur aku
marani sedulurku sing jenenge tole karo
niran ndilalah pada teka, alhamdulilah ayamku ra sida mubah.
Mbanjur aku
mbakar bareng tole karo niran rame lah karo ramane karo biyunge aku mbarang.
Sewise mateng
terus di maem bareng bareng karo miki tole niran aku rama lan biyunge aku. Mbatin
“ yakin untung ana sedulurku nek ra ana apa ora gawat yah , ayam wis tek
sembeleh, supane ayam mandan dengklang melas kan nek ra di maem, ngko ya arwahe
takon “ ehh kenang apa aku ra di maem apa aku ra enak hah, aku wis lara lara di
sembeleh tapi aku di terlantarna” lah nek temenan kaya kue ya ra lucu ya haha
jan, pancen batire nyong pada kaya jaelangkung “datang tak di jemput pulang tak
diantar”. Mbatin “ wingi ra dikon teka pada teka kabeh mbarang pas dikon teka
malah pada ra teka, bocah koh ya pada saliwang temen jan, untung nyong ana
dulure lah nek ora kepriwe jajal eman eman mbok lah.
Yah pelajaran lah
go aku nek ana apa apa kudu ngomong disit men ra kaya kie maning lah, jane
mandan ngjog lah wong niate karo batire malah karo dulure jan, wis lah ra papa
go pelajarane aku bae, semoga ra kaya kie maning amin!
SEKIAN.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar